Nyong kiye seneng banget karo sing jenenge Tahu Pletok. Asli, tahune enak temen. Dadi mau esuk nyong sms mbakayune nyong sing ayu dewek (lha iya wong mbakayune nyong mung siji 😀 ) Kebeneran mbakayune nyong lagi dines nang Tegal ya wis nyong nitip. Ben rada keren nyong ngirim sms kaya kiye:
Jalan-jalan ke Pulau Bontang
Tidak lupa rambut dicatok
Jika nanti engkau pulang
Janganlah lupa tahu pletok
Wis, pantune ora nyambung babar pisan sing penting maksude ngerti. Ee, mbakayune nyong mbales kaya kiye:
Jalan-jalan maring Pelelen
Pasti ora kelalen
Asli, nyong ngguyu nganti kepingkel-pingkel 😆 Lucu temen jawabane yak. Wis pantun ngawur kabeh tapi kok lucu temen.
Ee, kiye lagi nonton bola final Indonesia vs Malaysia (Garuda hebat, ora juara tapi menang 😀 ), mbakayune nyong sms maning.
Makan mie dalam kereta
Keenakan sampe kepentok
Tuh Tammy datang naik kereta
Bawa tahu pletok
Horeeee, pesenane nyong teka digawa Tammy, ponakane nyong sing bar liburan nang kana. Trus nyong bales maning:
Mampir Cirebon beli terasi
Trimakasi yee…
Sing jenenge tahu pletok kuwe tahu terus diwein aci trus digoreng. Rasane rada alot keprimen tapi yakin, enake puoll!! Trus ana juga sing ora pletok, tahu biasa dipotong segitiga nah pucuke diwein aci juga. Trus mangane nganggo cengis… waduuhh… pedes-pedes enak. Dadi kanca-kanca angger mampir Tegal, tuku bae tahu Murni, sing terkenal sih Nata Jaya kayonge.
Nah, lha kiye…. Tahu Pletok Tegal…… hmmm…..yummy…


Terjemahan: